Sekar Madya utawa Sekar Tengahan
Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.- Jurudemung
- Wirangrong
- Balabak
Sekar Ageng
Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.
Tabel Sekar
Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:
Sekar Macapat Sekar Macapat Guru gatra Guru wilangan Guru lagu Mijil 6 10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i, i ,u Sinom 9 8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u ,a ,i, a Dhandhanggula 10 10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a Kinanthi 6 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 u, i, a, i, a, i Asmarandana 7 8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 a, i, e, a, a, u, a Durma 7 12, 7, 6, 7, 8, 5, 7, a, i, a, a, i, a, i Pangkur 7 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8, a, i, u, a, u, a, i Maskumambang 4 12, 6, 8, 8 i, a, i, a, a Pucung 4 12, 6, 8, 12 u, a, i, a Jurudhemung 7 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8 a, u, u, a, u, a, u Wirangrong 6 8, 8, 10, 6, 7, 8 i, o, u, i, a, a Balabak 6 12, 3, 12, 3, 12, 3 a, e, a, e, u, e Gambuh 5 7, 10, 12, 8, 8 u, u, i, u, o Megatruh 4 12, 8, 8, 8, u, i, u, i, o Girisa 8 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, a, a, a, a, a, a, a, a Tuladha
Sinom
- Pangéran kang sipat murah (8/a)
- Njurungi kajating dasih (8/i)
- Ingkang temen tinemenan (8/a)
- Pan iku ujaring dalil (8/i)
- Nyatané ana ugi (7/i)
- Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
- Wiwitané nenedha (7/a)
- Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
- Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
- Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
- Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
- Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
- Cinecep nulya wangsul (7/u)
- Mring asalé sangkané nguni (9/i)
- Begja kang wus pana (7/a)
- Sangkan paranipun (6/u)
- Dedalan kang dèn ambah (8/a)
- Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
- Sejatining kasidan (7/a)
Kinanthi
- Padha gulangen ing kalbu (8/u)
- Ing sasmita amrih lantip (8/i)
- Aja pijer mangan néndra (8/a)
- Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
- Pesunen sariranira (8/a)
- Sudanen dhahar lan guling (8/i)
Asmarandana
- Anjasmara ari mami (8/a)
- Masmirah kulaka warta (8/a)
- Anèng kuta Prabalingga (8/o)
- Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
- Kariya slamet wong ayu (8/u)
- Pun kakang pamit palastra (8/a)
Megatruh
- Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
- Kawan dasa kang njagèni (8/i)
- Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
- Sinangga ing kanan kèring (8/i)
- Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)
Wirangrong
- Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
- Mulané lamun miraos (8/o)
- Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
- Yèn uwis kawijil (6/i)
- Tan kena tinututan (7/a)
- Mulané dipun prayitna (8/a)
- http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar