Perkembangan macapat lan mangsa keemasané
Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.[16]Sastra Jawa Kuna
Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.[sunting] Sastra Jawa Pertengahan
Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.Sastra Jawa Zaman Islam
Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka, Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.
Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.
Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan
Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.Pesen jroning Macapat
Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.
2.Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.
3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.
4.Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.
5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.
6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.
7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.
http://jv.wikipedia.org/wiki/Macapat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar